Nem taun lawase anggone ndhelik ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, bebarengan karo wong wadon mau, ing sajrone Sang Putri Atalya ngasta paprentahan ing nagara.
Garwane Rama Amram iku Ibu Yokhebet, putrane Rama Lewi, kang miyos ana ing tanah Mesir. Ibu Yokhebet iku mbabar Imam Harun lan Nabi Musa apadene Ibu Miryam sadhereke estri, patutan karo Rama Amram.
Kala samanten punika Nabi Musa miyos, rupinipun bagus saha dados keparenging Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.
sarta kalawan pepethingane bumi saisine; apadene sih-kadarmane Kang dedalem ana ing grumbul eri. Kabeh iku tumuruna ing sirahe Yusup, iya ing embun-embune kang pinunjul dhewe ana ing antarane para sadulure.
Marga saka pracaya Nabi Musa, sawiyose, diumpetake dening rama-ibune lawase telung sasi, amarga padha nguni-ngani, manawa bayi iku bagus rupane sarta ora wedi marang prentahe Sang Prabu.