Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 2:18 - Kitab Sutji

18 Satekane bocah-bocah wadon mau ana ing ngarsane Imam Rehuel, ramane, banjur padha didangu: “Sabab apa dene ing dina iki ulihmu kok enggal temen?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 2:18
7 Iomraidhean Croise  

Atur wangsulane: “Wonten satunggaling tiyang Mesir ingkang nulungi kula saking tindakipun para pangen, malah kula dipun timbakaken ngantos kathah, saha lajeng ngombeni menda-mendanipun.”


Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,


Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro mara-sepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”


Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”


Balik sing sapa nandhang najis, mangka ora ngruwat dosane, wong iku mesthi katumpes saka ing satengahe pasamuwan, marga wus najisake pasucene Sang Yehuwah; ora kasiram ing banyu pambirating najis, dadi tetep najise.


Wong-wong mau takon maneh: “Ana ing ngendi Dheweke?” Wangsulane kang ditakoni: “Kula boten sumerep.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan