Nalika mulat ing sakiwa-tengene, nuli weruh ana sumur ing ara-ara, sarta ana wedhus telung pantha padha njerum ana ing sacedhake sumur mau, marga sumur iku panggonane wong padha ngombekake pepanthaning wedhuse, anadene watu tutuping sumur iku gedhe,
Yusuf tumuli diparingi jeneng: Zafnat-Paaneakh sarta diparingi Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera, imam ing On, dadi garwane. Kaya mangkono Sang Yusuf banjur wiwit nguwaosi satanah Mesir kabeh.
Anadene Imam Yitro, imam ing Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, wus miyarsa bab samubarang kang wus ditandukake dening Gusti Allah marang Nabi Musa lan Israel umate, iya iku yen Pangeran Yehuwah wus ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir.
Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.
Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,
Bareng tekan ing unggah-unggahane kutha iku, kapethuk para prawan kang padha metu arep ngangsu. Banjur padha takon marang prawan-prawan iku: “Tiyang sidik punapa wonten ing ngriki?”