Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 2:15 - Kitab Sutji

15 Sang Prabu Pringon bareng midhanget prakara mau, nuli golek reka-daya arep nyedani Sang Musa. Nanging Sang Musa lolos saka ngarsane Sang Prabu Pringon, lan rawuh ing tanah Midian, banjur lenggah ana ing sapinggiring belik.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 2:15
17 Iomraidhean Croise  

Ing kono unta-untane dijerumake cedhak belik sajabane nagara; ing wayah sore wancine wong wadon padha metu ngangsu.


iku mbabar putra: Zimran, Yoksan, Medan, Midian, Isybak lan Suah.


Anake Midian yaiku: Efa, Efer, Henokh, Abida lan Eldaa, iku kabeh padha turune Ibu Ketura.


Nalika mulat ing sakiwa-tengene, nuli weruh ana sumur ing ara-ara, sarta ana wedhus telung pantha padha njerum ana ing sacedhake sumur mau, marga sumur iku panggonane wong padha ngombekake pepanthaning wedhuse, anadene watu tutuping sumur iku gedhe,


Anggone padha mangkat saka ing Midian, banjur menyang ing Paran. Ana ing kono ngajak wong sawatara nuli tekan ing Mesir ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir. Sang Hadad kaparingan dalem, lan ditemtokake blanjane sarta diparingi bumi dening Sang Prabu.


lan sijine nama Eliezer, awit pangandikane: “Gusti Allahe bapakku iku kang mitulungi aku, aku diuwalake saka ing pedhange Sang Prabu Pringon.”


Anadene Pangeran Yehuwah iya wus ngandika marang Sang Musa ana ing tanah Midian: “Sira balia menyang Mesir, awitdene sakehe wong kang nedya mateni sira iku wus padha mati.”


Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.


Aku ndeleng tarube Kusyan padha kataman ing karubedan, tendha-tendhane tanah Midian padha kedher.


Manawa kowe dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyane; awit satemene Aku pitutur marang kowe: Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israel kabeh nganti kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.


Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira wayah jam rolas.


Sareng midhanget atur makaten punika, Nabi Musa lajeng lolos saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih.


Marga saka pracaya mulane banjur nilar tanah Mesir, ora ajrih marang dukane Sang Prabu, awit tansah mantep mbetahake prasasat mirsani apa kang ora katon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan