Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 2:11 - Kitab Sutji

11 Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 2:11
13 Iomraidhean Croise  

Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.


Para pamberege Sang Prabu Pringon iku padha nggebugi mandhor-mandhor Israel, kang padha diangkat dening wong-wong iku kalawan pangucape: “Yagene ladenmu bata dina iki cacahe ora kaya ladenmu dhek wingi?”


Nanging Sang Nata ing Mesir ngandika: “He Musa lan Harun, yagene sira padha nindakake kang njalari bangsa iki banjur nglirwakake pagaweane? Lungaa, sira nglakonana pagaweanira dhewe!”


Pangandikane Sang Prabu Pringon maneh: “Delengen, cacahe bangsamu ana ing nagara kene wus akeh banget, mangka sira kok arep nglerenake anggone nyambut-gawe peksan!”


Pagaweane wong-wong iku kudu ditambahi abote, nganti gagasane mung tumuju marang pagawean, lan aja nganti katut marang tetembungan kang dora.”


Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku, yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya, lan ngudhari tali-talining pasangan, manawa sira ngluwari wong kang kinaniaya tuwin mutungi sakehing pasangan,


He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.


“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan