10 Bareng bocahe wus gedhe, banjur diaturake marang putrine Sang Prabu Pringon, dipundhut dadi putra angkat lan diparingi nama Musa, pangandikane: “Marga dakentasake saka ing banyu.”
Sang Malaekate Yehuwah tumuli mangandikani maneh: “Lah sira iku lagi ngandhut, lan bakal nglairake anak lanang, iku sira jenengna Ismael, awitdene Sang Yehuwah wus nguningani kasangsaranira.
Anadene Bapa Adam wus sapaturon karo bojone maneh, iku banjur nglairake anak lanang kang dijenengake Set, sabab pangucape: “Gusti Allah wus maringi anak lanang liyane minangka sasulihe Abel, marga iku wus dipateni Kain.”
Kang iku anakmu loro kang laire patutan karo kowe ana ing tanah Mesir, sadurunge aku teka mrene, iku padha dadia anakku; Efraim lan Manasye dadia anakku padha kaya Ruben lan Simeon.
Sang Putri banjur ngandika marang wong wadon iku: “Bayi iki gawanen, susonana; kowe bakal dakwenehi pituwas.” Wong wadon mau banjur nggawa bayine disusoni.
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.