Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 19:9 - Kitab Sutji

9 Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 19:9
25 Iomraidhean Croise  

Ing nalika samana Sang Prabu Suleman nuli ngandika: “Pangeran Yehuwah wus mrenahake srengenge ana ing langit, nanging Panjenengane milaur dedalem ana ing pepeteng.


Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”


Ing nalika iku Sang Prabu Suleman tumuli ngandika: “Pangeran Yehuwah wus ngandika manawa karsa dedalem ana ing papan kang peteng.


Panjenengane kubengan ing mega lan pepeteng, kaadilan lan angger-angger kang dadi tetalesing dhampare.


Padha dipangandikani saka ing tugu mega, kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake.


Wong Israel bareng nyipati gedhening pandamele Pangeran Yehuwah kang ditandukake marang wong Mesir, bangsa iku nuli padha wedi marang Pangeran Yehuwah sarta kumandel marang Pangeran Yehuwah lan marang Nabi Musa abdine.


Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.


Anadene bangsa iku anggone ngadeg ana ing kadohan, nanging Nabi Musa nyelaki ing pepeteng lelimengan panggonane lenggah Gusti Allah.


Pangeran Yehuwah banjur tumendhak ana ing mega, tumuli jumeneng ana ing sacedhake Nabi Musa sarta nyebut asmaning Sang Yehuwah.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


“Iku supaya padha ngandela, yen sira wus diketingali dening Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para leluhure, Gusti Allahe Abraham, Gusti Allahe Iskak lan Gusti Allahe Yakub.”


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim, sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria. Manawa sira padha ora pracaya, sira ora bakal padha tulus santosa.”


Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ana ing sajroning tugu mega, lan jumeneng ana ing lawanganing tarub, tumuli nimbali Imam Harun lan Ibu Miryam. Sakarone iya padha banjur ngadhep.


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”


Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.”


Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.


Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.


Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan