Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 19:8 - Kitab Sutji

8 Wong sabangsa kabeh banjur padha mangsuli saur manuk, ature: “Punapa sadhawuhipun Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 19:8
9 Iomraidhean Croise  

Iku padha ngumpul karo sadulur-sadulure, yaiku para panggedhene. Padha prajanji kalawan supata yen bakal manut marang angger-anggere Gusti Allah kang diparingake lumantar Nabi Musa, abdine Gusti Allah iku, sarta bakal netepi lan ngestokake sakehing pepakene Sang Yehuwah, yaiku Gustiku kabeh, sarta saliring pranatan lan katetepane.


sarta matur marang Nabi Musa: “Mugi panjenengan kemawon ingkang ngandikani kula, kula badhe sami mirengaken; sampun ta dipun pangandikan dening Gusti Allah, mindhak kula sami nemahi pejah.”


Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.”


Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Nanging ature wong-wong marang Senapati Yusak: “Boten, kula namung badhe sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.”


Atur wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Kula sami badhe ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita saha ngestokaken dhawuhipun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan