Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 19:5 - Kitab Sutji

5 Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 19:5
54 Iomraidhean Croise  

Karodene pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham maneh: “Dene sira, sira netepana prasetyaningSun, iya sira dalah turun-turunira.


Amargi Paduka ingkang sampun misahaken tiyang-tiyang wau saking antawisipun sadaya bangsa ingkang wonten ing bumi, Paduka dadosaken kagungan Paduka, kadosdene ingkang sampun Paduka pangandikakaken lumantar Nabi Musa, abdi Paduka, nalika Paduka ngirid leluhur kawula sadaya medal saking ing tanah Mesir, dhuh Pangeran Yehuwah!”


Umat Paduka Israel sampun Paduka dadosaken umat Paduka ing salami-laminipun, dene Paduka, dhuh Yehuwah, dados Gusti Allahipun.


Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.


Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku, bab karosane lan endahing pawakane.


Awit Pangeran Yehuwah wus milih Yakub dadi kagungane, Israel dadi kekasihe.


Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.


Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.


pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Nanging manawa sira temen-temen ngestokake dhawuh-dhawuhe, lan nglakoni sabarang kang Sundhawuhake, Ingsun bakal nglawan marang mungsuhira lan nglawan marang lawanira.


Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”


unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.


Ature Nabi Musa: “Mangke samedal kawula dhateng sajawining nagari, kawula badhe ngegaraken tangan kawula konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhugipun badhe kendel sarta jawahipun es temtu lajeng terang, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih bumi punika kagunganipun Pangeran Yehuwah.


Pakebonan anggur kawula, gadhahan kawula piyambak, wonten ing ngarsa paduka, kagem panjenengan dalem arta sewu punika, dhuh Sang Prabu Suleman, lan ingkang kalih atus kangge tiyang-tiyang ingkang ngrimati wohipun.


Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.


Nanging sira, he Israel, abdiningSun, he Yakub, kang wus Sunpilih, turune Abraham, mitraningSun;


Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwah kang nitahake kowe, he Yakub, kang mangun kowe, he Israel: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun.


Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSun lan kang padha milih apa kang Sunkarsakake sarta kang gondhelan marang prajanjianingSun,


Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane, amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh, lan Israel iku uamt kagungane, asmane yaiku Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.


Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – mulane sira wus dadi kagunganingSun.


Nanging dhawuhingSun marang sira: Sira kang bakal padha ngebeki tanahe bangsa iku, sarta Ingsun kang bakal maringake marang sira dadi darbekira, tanah kang luber puwan lan madu; Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang misahake sira saka para bangsa.


“Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira.


“Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion, lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria; iya para panggedhene bangsa kang utama, kang disebani dening turune Israel.


Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Wong kang kaya mangkono iku bakal padha dadi kagunganingSun piyambak kang Suntresnani ing dina kang wus Suncawisake, sarta bakal padha Suneman kaya wong kang ngeman marang anake kang mbangun-miturut.


Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”


Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe: “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.


Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure sakehing langit, apadene bumi dalah saisine kabeh;


Berkah, manawa kowe padha ngestokake pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;


awitdene kowe iku umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe kang wus dipilih dening Sang Yehuwah saka ing antarane para bangsa kabeh kang ana ing salumahe bumi, kadadekake umat kagungane piyambak.”


Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”


Lan ing dina iki uga Sang Yehuwah wus nampeni janjimu, yen kowe mesthi dadi umat kekasihe, kaya kang kaprasetyakake marang kowe lan manawa kowe bakal netepi sakehe dhawuhe.


Dene kowe bakal diparingi kalungguhan kang luhur ngungkuli sakehe bangsa kang wus dititahake, dadi margane kowe kaalembana, misuwur sarta kinurmatan. Apadene kowe bakal dadi umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya kang wus kajanjekake.”


“Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.


Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.


Mangka kowe iku padha dipilih dening Pangeran Yehuwah kaentasake saka ing perapen paleburan wesi, saka ing tanah Mesir, supaya dadia umat kagungane piyambak, kaya kang kelakon ing dina iki.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, wus damel prasetyan karo kita ana ing gunung Horeb;


Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.


Bangsa punika rak kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka entasaken margi saking kasekten Paduka ingkang linangkung, saha klayan lengen Paduka ingkang kaulukaken?”


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Marga saka pracaya Rama Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang ing panggonan kang bakal ditampeni dadi pusakane, banjur bidhal mangka ora mirsa ing ngendi papan kang bakal kajujug.


ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir. Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.


Atur wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Kula sami badhe ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita saha ngestokaken dhawuhipun.”


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan