Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 19:24 - Kitab Sutji

24 Pangeran Yehuwah nuli dhawuh: “Wis, sira mundura, banjur munggaha maneh karo Harun, nanging para imam lan rakyat aja nganti mbrobos ing pager sarta munggah sowan ing ngarsaning Yehuwah, supaya aja nganti padha kena ing bebendune.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 19:24
20 Iomraidhean Croise  

Bareng tekan ing panutone Kidon, Uza tumuli mulung tangane nyekel pethi mau, amarga sapi-sapine padha kejrungup.


Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.


Nabi Musa banjur mandhap marani bangsa mau, padha didhawuhi mangkono iku.


Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.


Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha minggah ing gunung, mangkono uga Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh,


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


Sabab wiwit nalika Yokanan Pambaptis tumapak ing gawe nganti saprene, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan wong kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep nguwasani.


Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong kang ana ing kono: “Padha mbudidayaa lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.


Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe para nabi iku kanggone nganti tumeka jamane Nabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku Injil Kratoning Allah kaundhangake lan saben wong rebutan arep lumebu ing kono.


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Amarga angger-anggering Toret iku nekakake bebendu, nanging ing ngendi ora ana angger-anggering Toret, ing kono iya ora ana panerak.


Lha yen mangkono apa tegese angger-anggering Toret iku? Iku ditambahake awit saka anane panerak-panerak nganti rawuhe turun kang dikarepake ing prasetya iku – lan angger-anggering Toret iku kaparingake lumantar malaekat-malaekat marang astane sawijining pantara.


Nanging Kitab Suci wus nggolongake samubarang kabeh marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus prasetya mau kaparingake marang wong kang padha pracaya.


Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan