PANGENTASAN 19:22 - Kitab Sutji22 Dalah para imam kang arep sowan ing ngarsaning Yehuwah kudu sesuci, supaya aja nganti katempuh ing bebenduning Yehuwah.” Faic an caibideil |
Nanging wong sabangsa mau padha sira dhawuhana mangkene: Padha sesucia kanggo ing dina sesuk, nuli kowe bakal padha mangan daging; marga kowe wus padha nangis ana ing ngarsaning Yehuwah, kanthi pangucapmu: Sapa kang bakal aweh daging marang aku? Ana ing tanah Mesir kaananku kabeh rak becik banget ta? Kang iku Sang Yehuwah bakal maringi daging marang kowe, kang bakal kokpangan.