PANGENTASAN 19:21 - Kitab Sutji21 Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas. Faic an caibideil |
Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.