Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 19:20 - Kitab Sutji

20 Pangeran Yehuwah tumuli tumedhak marang ing pucake gunung Sinai, sarta nimbali Nabi Musa menyang ing pucake gunung iku; Nabi Musa banjur minggah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 19:20
12 Iomraidhean Croise  

Pangeran banjur ngandika: “Sira metua lan ngadega ana ing dhuwur gunung iki ana ing ngarsaning Sang Yehuwah!” Ing kono Pangeran Yehuwah nuli tindak langkung! Angin gedhe lan banter, kang mbengkahake gunung-gunung lan nggempalake parang-parang ndhisiki tindake Sang Yehuwah. Nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning angin iku. Lan sawuse angin mau banjur ana lindhu. Nanging Sang Yehuwah ora ana ing sajroning lindhu iku.


Paduka tumedhak dhateng ing redi Sinai sarta ndhawuhaken pangandika dhateng para leluhur saking langit; Paduka paringi pranatan-pranatan ingkang adil, angger-angger ingkang leres saha katetepan-katetepan tuwin dhawuh-dhawuh ingkang utami.


“Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;


Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.


Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsane Gusti Allah, sarta dipangandikani dening Pangeran Yehuwah saka ing gunung kono, dhawuhe: “Sira ndhawuhana turune Yakub lan ngundhangna marang wong Israel, mangkene:


Bareng Nabi Musa minggah ing gunung, gununge banjur katutupan mega,


Nabi Musa tumuli lumebet ing satengahe mega sarta minggah ing ndhuwur gunung; dene Nabi Musa anggone ana ing ndhuwur gunung iku lawase patang puluh dina patang puluh bengi.


Karodene sira cecawisa ngarepake wayah esuk lan manawa wus esuk sira munggaha ing gunung Sinai; sira ngadega ngadhepake Ingsun ana ing pucake gunung iku.


Nabi Musa banjur mrejeng papan watu loro kaya kang dhisik; ing wayah esuk tumuli wungu sarta minggah ing gunung Sinai, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, sarta ngasta papan watu loro mau.


pangandikane mangkene: “Pangeran Yehuwah rawuh saka ing gunung Sinai, nedhaki umate saka ing Seir. Panjenengane ngatingal kalawan cahya mencorong saka ing pagunungan Paran, lan rawuh saka ing antarane para suci puluhan ewu; ing tengahe katon geni murub.


Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan