PANGENTASAN 19:17 - Kitab Sutji17 Nabi Musa banjur ngirid bangsa mau metu saka palerebane, padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah, lan padha ngadeg ana ing sikiling gunung. Faic an caibideil |
Inggih Nabi Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan wonten ing ara-ara-samun ing antawisipun malaekat ingkang nglairaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyan leluhur kita, saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng panjenengan sadaya.
Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.