PANGENTASAN 19:16 - Kitab Sutji16 Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh. Faic an caibideil |
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.
Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese.