iku padha dipangandikani mangkene: “Heh, sira padha panggedhening kulawangsane wong Lewi, sira padha sesucia, iya sira kabeh dalah para sadulurira sakulawangsa, banjur padha mboyonga pethining Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, menyang panggonan kang wus suncawisake.
Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.
Bangsa iki klumpukna, pasamuwane sucekna, nglumpukna para pinituwa, dalah para bocah pasuson pisan, panganten lanang supaya metu saka ing kamare, lan panganten wadon saka ing kamar paturone.
“Kang iku, he Israel, sira bakal padha Sunpatrapi kang kaya mangkono iku. Sarehne Ingsun bakal nandukake kang mangkono iku marang sira, mulane, he Israel, sira padha tata-tataa bakal sowan marang Allahira!”
sarta matur marang para imam kang ana ing padalemaning Yehuwah Gustine sarwa dumadi lan marang para nabi, mangkene: “Punapa kula kedah sami nangis lan puwasa ing wulan kaping gangsal kados ingkang sampun kula lampahi mataun-taun laminipun punika?”
Sapa kang bisa kuwat tahan ing dina rawuhe lan sapa kang bisa lestari ngadeg samangsa Panjenengane ngatingal? Marga Panjenengane iku kaya genine pembesot logam lan kaya sabune tukang penatu.
Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.