iku padha dipangandikani mangkene: “Heh, sira padha panggedhening kulawangsane wong Lewi, sira padha sesucia, iya sira kabeh dalah para sadulurira sakulawangsa, banjur padha mboyonga pethining Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, menyang panggonan kang wus suncawisake.
Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane.
Tangane wong siji bae ora kena nggepok gunung iku, awit wong iku mesthi bakal dibenturi ing watu utawa dipanah nganti mati; dadia kewan utawa manungsa, aja diurapi! Mung samangsa keprungu unining kalasangka kang nggalur, lagi padha kena munggah ing gunung.”
samubarang kang tahan geni, iku kaobonga, supaya birat najise. Ewadene iya isih prelu kabirat najise sarana banyu pambirating najis; nanging samubarang kang ora bisa tahan ing geni iku celupna ing banyu.
Wangsulane Sang Dawud marang Imam iku: “Pancen kula sami boten kenging ngempali tiyang estri kados kala rumiyin-rumiyin, manawi kula sami mangsah perang. Badanipun tiyang kula sami suci, sanadyan namung kekesahan limrah, langkung malih ing dinten punika. Satunggal-tunggalipun sami suci badanipun.”