Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 19:13 - Kitab Sutji

13 Tangane wong siji bae ora kena nggepok gunung iku, awit wong iku mesthi bakal dibenturi ing watu utawa dipanah nganti mati; dadia kewan utawa manungsa, aja diurapi! Mung samangsa keprungu unining kalasangka kang nggalur, lagi padha kena munggah ing gunung.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 19:13
11 Iomraidhean Croise  

Nabi Musa banjur tumedhak saka ing gunung murugi bangsa iku, padha didhawuhi supaya sesuci lan ngumbahi sandhangane.


Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.


Nabi Musa banjur ngirid bangsa mau metu saka palerebane, padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah, lan padha ngadeg ana ing sikiling gunung.


Swarane kalasangka saya suwe saya banter. Nabi Musa banjur munjuk, sarta Gusti Allah paring wangsulan saka ing sajroning gludhug.


Nanging aja ana wong siji bae kang melu munggah karo sira, iya aja ana wong kang katon kumliwer ing sawratane gunung, sanajan wedhus utawa sapi, aja ana kang diengon ing sakubenge gunung iku.”


ing sakedhap netra, bareng karo unine kalasangka kang wekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni, para wong mati banjur bakal katangekake kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.


Awit samangsa ana tengara, yaiku samangsa malaekat panggedhe nguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allah kaunekake, ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik.


awit padha ora betah ngrungokake dhawuh iki: “Dalah kewan manawa ana kang nggepok marang gununge, iku kudu dibenturi watu.”


Baris pendhem mau banjur dadakan nempuh marang Gibea. Lakune baris pendhem maju terus nuli nggepuk saisining kutha klawan landheping pedhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan