12 Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.
Sang Prabu Pringon banjur ngandika: “Wis mundura saka ing ngarsaningsun, dingati-ati, poma sira aja ngaton maneh ana ing ngarsaningsun, sabab samangsa sira ngaton, mesthi sira bakal mati.”
Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas.
Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Tiyang-tiyang temtu boten sami saged minggah ing redi, margi Paduka piyambak sampun ngengetaken dhateng kawula kanthi dhawuh: Gununge sira pagerana lan sira sengkera!”
Mung Musa dhewe kang sowane cedhak kalawan Pangeran Yehuwah, nanging liyane ora kepareng nyedhak, lan wong akeh iya aja ana kang melu munggah bareng karo sira.”
Nanging aja ana wong siji bae kang melu munggah karo sira, iya aja ana wong kang katon kumliwer ing sawratane gunung, sanajan wedhus utawa sapi, aja ana kang diengon ing sakubenge gunung iku.”
sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;
Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.
Mung bae anaa lete ing antarane pethi lan kowe, kira-kira rongewu asta, sarta pethi iku aja kokcedhaki, perlune kowe supaya weruha dalan kang bakal kokambah, amarga kowe biyen durung tau ngambah ing dalan kono.”