PANGENTASAN 19:10 - Kitab Sutji10 Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane. Faic an caibideil |
Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.
Nanging wong sabangsa mau padha sira dhawuhana mangkene: Padha sesucia kanggo ing dina sesuk, nuli kowe bakal padha mangan daging; marga kowe wus padha nangis ana ing ngarsaning Yehuwah, kanthi pangucapmu: Sapa kang bakal aweh daging marang aku? Ana ing tanah Mesir kaananku kabeh rak becik banget ta? Kang iku Sang Yehuwah bakal maringi daging marang kowe, kang bakal kokpangan.
Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.