Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 19:1 - Kitab Sutji

1 Bareng sasi katelune saangkate wong Israel saka ing tanah Mesir, tekan ing pasamunane gunung Sinai tanggale padha karo nalika budhale.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 19:1
16 Iomraidhean Croise  

“Sasi iki tumrap sira bakal dadi wiwitane sakehing sasi; iku bakal dadi sasi kapisan saben taun tumrap sira.


Lan trep ing dina iku uga Pangeran Yehuwah ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir miturut sagolongan-golongane.


Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.


Sawuse padha budhalan saka ing Elim, sagolongane wong Israel kabeh padha tekan ing pasamunan Sin, kang kaprenah ana ing saantarane Elim lan gunung Sinai, mbeneri tanggal limalas sasi kang kapindho, saangkate saka ing tanah Mesir.


Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”


“Ing sasi kapisan tanggal sapisan sira ngadegna Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan.


Padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir, Suntuntun menyang ing ara-ara samun.


Nalika taun kang kapindho ing sasi kapindho ing tanggal sapisan sawuse padha metu saka ing tanah Mesir, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai ing sajrone Tarub Pasewakan:


Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai:


Budhal saka Rafidim, tumuli leren ana ing pasamunan Sinai.


“Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;


Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.


Mulane dingati-ati, – marga kowe ora ndeleng rerupan apa-apa ing kalane Sang Yehuwah mangandikani kowe ana ing gunung Horeb saka ing satengahe geni –,


Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, wus damel prasetyan karo kita ana ing gunung Horeb;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan