PANGENTASAN 18:9 - Kitab Sutji9 Imam Yitro rena panggalihe mireng bab sakehe kamirahan kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, yaiku anggone wus ngluwari saka ing tangane wong Mesir. Faic an caibideil |
Surak-suraka, he langit, awit Pangeran Yehuwah wus tumandang, sumyak-sumyaka, he telenging bumi! Padha gambiraa kalawan surak-surak, he gunung-gunung, he alas dalasan sakehe wit-witane kang ana ing kono! Sabab Sang Yehuwah wus nebus Yakub, sarta Panjenengane wus ngatingalake kamulyane ing bab Israel.
Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah, pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut, laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita, tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisrael ingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipun tuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.
Pangandikane Sang Prabu Saul marang bangsa Keni: “Padha lungaa, ngadoha, lan sumingkira saka ing satengahe wong Amalek, supaya kowe aja nganti padha daktumpes bareng karo para wong iku. Sira rak wus padha ngatonake pamitranira karo wong Israel, nalika padha lunga saka ing tanah Mesir?” Mulane wong Keni banjur padha sumingkir saka ing tengah-tengahe wong Amalek.