marga saka Allahe bapakmu kang bakal mitulungi kowe, lan marga saka Kang Mahakawasa kang mberkahi kowe, klawan berkah kang luber saka ing langit dhuwur, berkah saka telenging samodra kang ana ing ngisor, berkah saka ing payudara lan guwa-garba.
Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane abdine Sang Yehuwah, yaitu Prabu Dawud kang ngunjukake wirasane kidung iki marang Sang Yehuwah, nalika wus kaluwaran dening Sang Yehuwah saka ing cengkeremaning sakehing mungsuhe lan saka ing astane Sang Prabu Saul.
Sang Prabu Pringon banjur ngandika: “Wis mundura saka ing ngarsaningsun, dingati-ati, poma sira aja ngaton maneh ana ing ngarsaningsun, sabab samangsa sira ngaton, mesthi sira bakal mati.”
Sang Prabu Pringon bareng midhanget prakara mau, nuli golek reka-daya arep nyedani Sang Musa. Nanging Sang Musa lolos saka ngarsane Sang Prabu Pringon, lan rawuh ing tanah Midian, banjur lenggah ana ing sapinggiring belik.
Bareng wis enget wewentehan, Rasul Petrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngreti temenan, yen Gusti wus ngutus malaekate sarta ngluwari aku saka ing astane Sang Prabu Herodhes lan saka ing samubarang kabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”
nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.
nyirep geni kang mulad-mulad. Wong iku padha oncat saka landhepe pedhang, wus tampa kakuwatan sajrone nandhang apes, wus padha dadi santosa ing sajroning paprangan sarta wus ngundurake wadyabalaning mungsuh.