Paduka ngrangket tiyang mawi paukuman, jalaran lepat; kaendahanipun Paduka lebur kadosdene renget, pancen saben tiyang punika namung bab ingkang tanpa gina. (Selah)
Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.
He, para kekasih, kowe kang kaya wong mondhok lan wong neneka, padha dakpituturi supaya padha ngedohana kapencuting daging kang padha perang nglawan nyawamu.
Wong bani Dhan banjur ngadegake reca ukir-ukiran iku mau, sarta Yonatan, bin Gersom bin Musa dalasan turun-turune padha dadi imame taler Dhan nganti tumeka wong ing tanah kono iku padha dadi wong buwangan.