Esuke isih umun-umun Pak Laban ngambungi anak-putune lanang wadon sarta padha diberkahi; sawuse mangkono banjur budhal mulih menyang panggonane dhewe-dhewe.
Bareng wonge ngadeg arep mangkat dalah selire lan bature, maratuwane, iya iku bapakne wong wadon iku, banjur celathu: “Lah ta delengen, iki wis lingsir kulon, ngarepake surup, bok nginep ana ing kene bae lan ngenggar-enggarna atimu, nuli sesuk tangia sing esuk lan banjur padha mangkata mulih.”