Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 18:26 - Kitab Sutji

26 padha kapatah ngadili umat ing samangsa-mangsa, prakara kang angel diaturake marang Nabi Musa, nanging prakara kang gampang dirampungi dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 18:26
8 Iomraidhean Croise  

Nalika ratu ing nagara Syeba mireng pawarta bab Sang Prabu Suleman gandheng karo asmane Sang Yehuwah, panjenengane banjur rawuh arep nguji kalawan cangkriman.


Aku dadi bapa tumrap wong miskin, tuwin prakarane wong kang dudu kawanuhanku daktiti-priksa.


Iya wong-wong iku kang kudu ngadili marang umat ing samangsa-mangsa; prakara kang gedhe iku diladekna marang sliramu, nanging prakara kang cilik-cilik padha dirampungana dhewe; sarana patrap mangkono wong-wong mau padha ngenthengake ayahanmu, lan padha ngrewangi tanggung-jawab.


Anake wong wadon Israel iku tumuli ngala-ala lan ngipat-ipati asmane Pangeran Yehuwah; tumuli disebakake marang ing ngarsane Nabi Musa. Embokne wong iku jenenge Selomit anake Dibri saka taler Dhan.


Ing sajrone ngadili kowe aja mawang wong, wonga cilik, wonga gedhe, padha rungokna kang dadi prakarane. Aja wedi marang sapa bae, awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah; dene manawa ana prakara kang kangelan tumrap kowe, iku ladekna marang aku, supaya aku krungu.


“Saupama ana sawijining prakara kang kokrasa angel banget pamutuse, upamane: bab raja-pati, bab gugat-ginugat, bab raja-tatu, – prakara pandakwa ing panggonanmu –, nuli kowe sebaa menyang ing papan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan