Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 18:23 - Kitab Sutji

23 Yen sliramu tumindak mangkono, mangka Gusti Allah karsa njurungi, sliramu bisa lestari kuwat nandangi, sarta wong sabangsa kabeh bakal padha bali menyang panggonane kanthi lega lan marem.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 18:23
15 Iomraidhean Croise  

Bareng Sang Yehuwah wus mungkasi anggone mangandikani Rama Abraham, banjur nglajengake tindake, dene Rama Abraham tumuli wangsul menyang ing panggenane.


Kacarita sawuse Rakhel nglairake Yusuf, Yakub banjur matur marang Pak Laban: “Kula panjenengan lilani mantuk dhateng tanah kalairan lan nagari kula.


Nanging unjuke wong akeh: “Panjenengan dalem sampun ngantos mangsah perang, amargi saupami kawula ngantos keplajeng, tiyang-tiyang punika boten badhe mreduli dhateng kawula sadaya, malah sanadyan sami pejah ingkang sepalih, mesthi sami boten mreduli dhateng kawula sadaya, nanging gusti kawula punika aosipun sami kaliyan panunggilan kawula sadasa ewu. Pramila langkung sae, bilih gusti kawula siyaga mbiyantu kawula saking kitha.”


Sawuse mangkono wong akeh padha nyabrang ing bengawan Yarden; Sang Prabu nuli pamitan marang Barzilai kanthi diaras lan uga banjur nyabrang. Wong iku banjur mulih menyang ing papan padunungane.


Nanging Sang Abisai bin Zeruya banjur mbiyantu Sang Prabu Dawud, nuli ngebrukake lan mateni wong Filisti iku. Ing wektu iku wadyabalane Prabu Dawud nyuwun kalawan banget marang panjenengane, unjuke: “Panjenengan dalem sampun ngantos nyarirani perang sesarengan kaliyan kawula, supados turunipun Israel sampun ngantos tumpes sareng kaliyan panjenengan dalem.”


Padha nitenana! Pangeran Yehuwah wus maringake sabat iku marang sira, mulane ing dina kang kaping nem sira padha diparingi roti kanggo rong dina. Kang iku wong kabeh padha lerena ana ing omahe dhewe-dhewe, aja ana wong siji bae kang metu saka ing panggonane ing dina kapitu iku.”


Sliramu mesthi bakal sayah banget, iya sliramu dhewe iya wong kang padha ndherek sliramu; marga pagawean iki kaboten tumrap sliramu manawa sliramu dhewe bae ora bakal keconggah nindakake.


Iya wong-wong iku kang kudu ngadili marang umat ing samangsa-mangsa; prakara kang gedhe iku diladekna marang sliramu, nanging prakara kang cilik-cilik padha dirampungana dhewe; sarana patrap mangkono wong-wong mau padha ngenthengake ayahanmu, lan padha ngrewangi tanggung-jawab.


Nabi Musa ndhahar rembage kang rama mara-sepuhe lan nindakake apa kang dadi pangandikane mau.


Nanging Rasul Paulus lan Barnabas banget anggone padha suwala lan mbantah panemune wong-wong mau. Wekasane pasamuwan banjur mutus, Rasul Paulus lan Barnabas sarta warga pasamuwan liyane sawatara kautus menyang ing Yerusalem nemoni para rasul lan para pinituwa, prelu ngrembug bab mau.


Anggonku mrana mau awit saka kaparingan wangsit. Lan sadulur-sadulur ing kono padha dakkandhani bab Injil kang dakwartakake ana ing antarane para bangsa kang dudu bangsa Yahudi – sajroning rerembugan dhewekan karo para kang kajen keringan –, supaya aja nganti tanpa gawe anggonku mbudi-daya lan wus mbudi-daya iku.


Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Samuel: “Panyuwune turutana, lan ngadegna ratu kanggo wong-wong iku.” Nabi Samuel banjur ngandika marang wong Israel: “Wis padha muliha, menyang kuthamu dhewe-dhewe!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan