PANGENTASAN 18:21 - Kitab Sutji21 Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sapuluh. Faic an caibideil |
Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.
Mulane sira, he Ezra, miturut ing kawicaksananing Allahira, kang kokanggo pathokan, sira ngadegna panggedhe-panggedhe lan hakim-hakim, supaya padha ngakimi rakyat kabeh kang manggon ana ing sabrange bengawan Efrat, yaiku wong-wong kang padha sumurup marang angger-anggering Allahira, dene sapa kang durung sumurup iku padha sira wulanga.