Bareng mara-sepuhe Nabi Musa mirsa apa kang ditindakake tumrap wong akeh mau, tumuli ngandika: “Apa iki kang koktindakake marang wong-wong iku? Yagene dene sliramu dhewe kang lenggah, lan wong kabeh padha ngadhep marang sliramu wiwit esuk nganti tekan sore?”
Nalika samana ana wong sawatara kang najis marga saka wong mati, temahan padha ora bisa melu ngriyayakake Paskah ing dina iku, mulane padha seba ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun bareng sadina iku uga,
Sasedane Rama Yusak wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah: “Panunggilan kawula sinten ingkang kedah ngrumiyini nglurug perang nglawan bangsa Kanaan?”