Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 18:12 - Kitab Sutji

12 Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 18:12
31 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.


Sawuse mangkono Rama Iskak tumuli ngadegake misbyah sarta memuji asmane Sang Yehuwah. Iya ana ing kono anggone nancebake tarube lan para abdine banjur padha ndhudhuk sumur.


Tamune banjur padha diaturi pasugatan, sarta tumuli padha dhahar lan ngunjuk.


Karodene Yakub nyaosake kurban sembelehan ana ing pagunungan kono, sarta ngundangi para sanak kadange kembul mangan. Dene sawuse padha mangan banjur padha nginep ana ing pagunungan kono.


dene Abel iya ngaturake kurban awujud cempe pembarep sagajihe. Anadene Sang Yehuwah karenan marang Abel lan kurbane,


Tumuli padha nyawisake atur-ature, karo ngenteni kondure Sang Yusuf ing wayah awan; awitdene wus padha ngerti yen bakal padha mangan ana kono.


Rama Nuh tumuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhut panunggalane kewan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosake dadi kurban obaran ana ing misbyah mau.


Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Sira aja samar, amarga ingsun bakal nandukake kadarman marang sira, marga saka Pangeran Yonatan, kang ramanira; ingsun bakal mbalekake sakehe palemahan kagungane Prabu Saul, eyangira lan sira bakal kembul dhahar klawan ingsun.”


Sang Prabu Hizkia paring pangalembana marang sakehe wong Lewi kang anggone leladi marang Pangeran Yehuwah kanthi wasis. Kaya mangkono anggone wong-wong padha mangan pangan riyaya ing sajrone pitung dina, kambi saos kurban slametan sarta ngunjukake panuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.


Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.


Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji.


Mulane saiki sira padha njupuka sapi lanang nom pitu lan wedhus gembel lanang iya pitu, nuli maranana abdiningSun Ayub, padha nyaosna kurban obaran, tuwin Ayub abdiningSun nyaosna pandonga tumrap sira, awit mung pandongane kang bakal Suntrimah, supaya sira ora padha Sunaniaya, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.”


Kacarita esuke Nabi Musa lenggah ngadili bangsa mau, lan wong akeh mau padha ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, wiwit esuk nganti tekan sore.


Anadene imam ing Midian iku kagungan putra estri pitu, iku mbeneri teka ngangsu ngiseni wadhah-wadhah kanggo ngombeni wedhus-wedhuse ramane.


Panjenengane nuli ngandika marang para putrane: “Wonge saiki ana ngendi? Yagene kok koktinggal? Undangen mangan ta!”


Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.


Nanging Panjenengane ora mulung astane marang pemimpin-pemimpin Israel; padha nyawang marang Gusti Allah, banjur mangan lan ngombe.


Tumuli ndhawuhi wong nom-noman panunggalane bangsa Israel, kang banjur padha nyaosake kurban obaran lan nyembeleh sapi lanang kagawe kurban keslametan sumaos marang Pangeran Yehuwah.


Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,


Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.


ora mangan pangan kang enak, cangkemku ora klebon daging lan anggur sarta aku ora nganggo lenga jebad nganti sapundhate telung minggu mau.


Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”


Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining panggedhene wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabeh wong kang ana ing kono padha ngulatake Panjenengane kanthi temenan.


Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”


Padha titenana bangsa Israel kang mungguh ing daging: wong kang padha mangan kurban iku rak oleh panduman ing paladosaning misbyah, ta?


Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged. Ora bisa kowe padha tampa panduman ing mejane Gusti lan iya ing mejane para roh reged.


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Kowe iya nyaosna kurban kaslametan, sarta panganen ana ing kono lan bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan