PANGENTASAN 18:11 - Kitab Sutji11 Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.” Faic an caibideil |
Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”
Paduka nindakaken pratandha kaliyan kaelokan wonten ing ngarsanipun Prabu Pringon sapunggawanipun sadaya, tuwin rakyat ing nagarinipun, amargi Paduka mirsa, anggenipun atindak gumunggung wonten ing ngajengipun para leluhur wau. Margi saking punika Paduka ndadosaken misuwuripun asma Paduka; bab punika ugi kacihna ing dinten punika.
Paduka engetaken supados sami wangsul dhateng angger-angger Paduka. Nanging sami ngatingalaken gumunggungipun, boten mituhu dhateng pepaken Paduka, sami nerak pranatan-pranatan Paduka, mangka inggih punika ingkang dados marginipun tiyang manggih gesang manawi sami nglampahi makaten. Sami masang pundhakipun kangge nglawan, sami ngakenaken githokipun sarta boten purun mirengaken.