Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 18:10 - Kitab Sutji

10 Pangandikane Imam Yitro: “Pinujia Pangeran Yehuwah kang wus ngluwari sliramu kabeh saka ing tangane wong Mesir lan saka ing astane Sang Prabu Pringon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 18:10
16 Iomraidhean Croise  

Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.


“Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”


Ahimaas banjur nguwuh-uwuh, unjuke marang Sang Prabu: “Sugeng!” Banjur sujud nyembah marang Sang Prabu, raine konjem ing bumi sarta munjuk: “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang sampun masrahaken para tiyang ingkang sami ngagagaken tanganipun dhumateng gusti kawula Sang Prabu.”


Sang Prabu ngandika: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel, kang wus ngrampungake kalawan astane apa kang wus kapangandikakake kalawan lesane marang Sang Prabu Dawud, ramaku, mangkene:


“Pinujia Pangeran Yehuwah kang paring papan pangasoan marang umate Israel, ngetrepi apa kang kapangandikakake; sakehe kang becik, kang wus kajanjekake lumantar Nabi Musa, abdine, ora ana siji bae kang ora ditetepi.


Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula, sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun.


“Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.


Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.


Amarga apa ta kang kena padha dakcaosake marang Allah minangka panuwun ing bab sakehing kabungahan, kang wus padha koktampani marga saka kowe kabeh ana ing ngarsane Allah?


Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,


Pangandikane Sang Prabu Saul marang bangsa Keni: “Padha lungaa, ngadoha, lan sumingkira saka ing satengahe wong Amalek, supaya kowe aja nganti padha daktumpes bareng karo para wong iku. Sira rak wus padha ngatonake pamitranira karo wong Israel, nalika padha lunga saka ing tanah Mesir?” Mulane wong Keni banjur padha sumingkir saka ing tengah-tengahe wong Amalek.


Sang Dawud tumuli ngandika marang Abigail: “Pinujia asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang ngutus kowe methukake aku ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan