PANGENTASAN 18:1 - Kitab Sutji1 Anadene Imam Yitro, imam ing Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, wus miyarsa bab samubarang kang wus ditandukake dening Gusti Allah marang Nabi Musa lan Israel umate, iya iku yen Pangeran Yehuwah wus ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir. Faic an caibideil |
Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.
Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: “Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalane para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondheli pojoking jubahe wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhe tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil dening Gusti Allah!”
Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”
amargi kula sampun sami mireng wartos bab anggenipun Sang Yehuwah ngasataken toyanipun seganten Teberau wonten ing ngarsa panjenengan, nalika panjenengan tindak medal saking tanah Mesir, punapa dene pandamel panjenengan dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih punika Prabu Sihon lan Prabu Og, ingkang sampun panjenengan tumpes.