Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 17:9 - Kitab Sutji

9 Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: “Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalek; sesuk aku bakal ngadeg ana ing pucake gunung klawan nyekel lantarane Gusti Allah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 17:9
18 Iomraidhean Croise  

iki nurunake Nun, iki nurunake Yusak.


Kaya mangkono anggone Yusak ngalahake wong Amalek kalawan landhepe pedhang.


Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sapuluh.


Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine minggah ing gununge Gusti Allah.


Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.


Anadene teken iku sira gawaa, iku minangka sarana anggonira nindakake pratandha-pratandha mau.”


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Sira nyekel apa iku?” Unjuke Sang Musa: “Punika teken.”


Sang Musa banjur ngajak garwane lan putra-putrane, padha katunggangake ing kuldi wangsul menyang ing tanah Mesir; lan tekene Gusti Allah iku diasta.


Yusak bin Nun, kang wiwit nom mula dadi abdine Nabi Musa, tumuli matur: “Dhuh bendara kula Musa, mugi panjenengan pambengi!”


Iku jenenge wong kang padha kautus dening Nabi Musa nelik marang tanah iku; dene Hosea bin Nun iku diparingi jeneng: Yusak dening Nabi Musa.


saka taler Efraim: Hosea bin Nun;


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira ngajaka Yusak bin Nun, wong kang kapenuhan ing roh, sira tumpangana tanganira,


Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.


Nabi Musa tumuli rawuh bebarengan karo Sang Yusak bin Nun, lan nglairake sakehe tetembunganing kidung mau ing sapangrungune bangsa iku.


Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.


Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.


Senapati Yusak tumuli siyaga dalah sakehe wadyabala, arep nglurug menyang kutha Ai, Sang Yusak milih wong telung puluh ewu, pahlawan-pahlawan kang gagah prakosa, iku padha dilakokake ing wayah bengi;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan