Sawuse iku banjur padha bali njujug ing En-Mispat, iya iku Kadesy sarta nggecak jajahane bangsa Amalek, mangkono uga bangsa Amori kang manggon ing Hazezon-Tamar.
Sawuse mangkono sagolongane wong Israel padha budhal saka pasamunan Sin, lakune saka palerenan kang siji menyang ing palerenan sijine miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur padha leren ana ing Rafidim; nanging ing kono ora ana banyu kanggo ngombe bangsa mau.
Tiyang Amalek ingkang ngenggeni tanah Negeb, tiyang Het, tiyang Yebus lan tiyang Amori sami manggen ing pareden, wondene tiyang Kanaan manggen ing sauruting pasisir lan sauruting benawi Yarden.”
Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Ingsun arsa males ukum marang bangsa Amalek, tumrap apa kang ditindakake marang wong Israel, yaiku anggone wong Amalek ngalang-alangi bangsa Israel, nalika lunga saka ing tanah Mesir.
Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.