PANGENTASAN 17:7 - Kitab Sutji7 Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?” Faic an caibideil |
unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”
Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki?
Imam Pinehas bin Eleazar tumuli ngandika marang bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye: “Saiki aku padha sumurup yen Sang Yehuwah ana ing tengah kita, marga kowe ora padha nyimpang saka ing kasetyanmu marang Sang Yehuwah; marga saka iku kowe temah padha ngluwari wong Israel saka ing paukumaning Yehuwah.”