PANGENTASAN 17:5 - Kitab Sutji5 Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira lumakua ana ing ngarepe umat kairinga dening para tuwa-tuwane Israel sawatara, dene teken kang wus tau sira gawe nyabet bengawan Nil iku gawanen, nuli mangkata! Faic an caibideil |
Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.
Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.