4 Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Punapa ingkang badhe kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi sela!”
Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.
Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,
Nuli munjuk marang Sang Yehuwah: “Kadospundi dene tangkep Paduka dhumateng abdi Paduka kok awon makaten, punapaa kawula boten pikantuk sih-palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula ngantos Paduka paringi tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya?
Ing kono wong saumat kabeh padha ngancam arep mbenturi watu marang Yusak lan Kaleb; nanging kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngetingal marang wong Israel kabeh ana ing Tarub Pasewakan.
Bareng Korakh wus nglumpukake sagrombolane kabeh sarta nglawan panjenengane sakloron ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, cahya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang wong sapasamuwan kabeh.
Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka ing Antiokhia lan Ikonium, kang padha mbebujuk wong akeh, wasana Rasul Paulus banjur dibenturi watu lan kaseret menyang ing sajabaning kutha, jalaran dikira wis seda.
Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.