Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 17:3 - Kitab Sutji

3 Nanging sarehne wong-wong padha ngorong, mulane padha nggrundeli marang Nabi Musa, ature: “Kenging punapa kula sami panjenengan angkataken medal saking Mesir, njalari kula, anak-anak lan kewan kula sami pejah kasatan?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 17:3
9 Iomraidhean Croise  

Kangge ngicali luwenipun sami Paduka paringi roti ingkang saking ing langit sarta kangge ngicali ngelakipun Paduka angsalaken toya medal saking redi parang. Punapadene Paduka dhawuhi nglebeti lan ngejegi nagari ingkang sampun Paduka janjekaken kalayan supaos badhe Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.


Roh Paduka ingkang asihmirma inggih Paduka paringaken, supados mulang. Punapa malih boten nate Paduka endheg roti man peparing Paduka dhateng cangkemipun, sarta kadamel ngicalaken ngelakipun Paduka paringi toya.


padha kaluwen lan kasatan, nyawane kasulayah banget.


Lan uga ana wong bangsa liya warna-warna kang padha melu, mangkono uga wedhus lan sapi akeh banget.


sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?


Wong akeh tumuli padha ngedumeli marang Nabi Musa, pangucape: “Ingkang sami kula ombe punapa?”


sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,


Kenging punapa pasamuwan kagunganipun Sang Yehuwah panjenengan bekta dhateng pasamunan punika, supados kula sadaya dalah raja-kaya kula sami pejah wonten ing ngriki?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan