Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 17:15 - Kitab Sutji

15 Nabi Musa banjur yasa misbyah kang dijenengake: “Pangeran Yehuwah iku banderaku,”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 17:15
9 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.


Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.


Panggonan iku kawastanan dening Rama Abraham: “Sang Yehuwah kang nyadhiyani.” Awit saka iku nganti saprene ana tetembungan: “Ana ing gununge Sang Yehuwah bakal disadhiyani.”


Ana ing kono banjur yasa misbyah dijenengake: “Allahe Israel iku Allah.”


Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah; ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih, awit bumi sampun gonjing.


Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.


“Karomaneh sira gawea misbyah kayu sittah, dawane limang asta lan ambane limang asta, dadi misbyah iku pesagi bener, nanging dhuwure telung asta.


Bareng Rama Harun mirsa, banjur yasa misbyah ana ing sangarepe pepethan pedhet iku, Rama Harun nuli nguwuh: “Sesuk riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah!”


Gidheon tumuli gawe misbyah ana ing kono sumaos marang Sang Yehuwah lan iku diwenehi jeneng: Sang Yehuwah iku karahayon. Misbyah iku isih ana nganti saprene ana ing Ofra, kuthane wong Abiezer.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan