Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 17:13 - Kitab Sutji

13 Kaya mangkono anggone Yusak ngalahake wong Amalek kalawan landhepe pedhang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 17:13
9 Iomraidhean Croise  

Suwe-suwe astane Nabi Musa kiyu, mulane dijupukake watu didokok ana ing sangisore, kagawe lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astane sasisih edhing, mulane astane ora obah nganti tumeka ing surupe srengenge.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Kabeh iki tulisana ing buku minangka pangeling-eling, lan Yusak konen ngeling-eling temenan, yen Ingsun bakal nyirnakake babar pisan pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisoring langit.”


Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Anadene Sang Yehuwah ngulungake Lakhis mau marang wong Israel. Ing dina kapindhone wus karebut dening Senapati Yusak. Kutha dalah saisine digecak klawan landheping pedhang, trep kaya kang wus katandukake marang Libna.


Nagara iku kabedhah lan kagecak klawan landheping pedhang dalah ratune lan sakehing kutha wewengkone tuwin sakehing wong kang manggon ing kono, ora ana siji-sijia kang bisa oncat trep kaya kang wus katandukake marang Eglon, kutha iku dalah sakehe wong saisine padha katumpes.


Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.


Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.


Senapati Yusak tansah ngagagake astane kang ngasta tumbak, nganti sakehe wong kang manggon ing kutha Ai wus padha kasirnakake kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan