Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 17:11 - Kitab Sutji

11 Kacarita samangsa Nabi Musa anggone ngangkat astane dhuwur, Israel unggul, nanging samangsa ngandhapake astane, Amalek kang unggul.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 17:11
8 Iomraidhean Croise  

Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah, sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.


Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang, luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka; sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?


Yusak tumuli nglakoni sadhawuhe Nabi Musa, perang nglawan wong Amalek, nanging Nabi Musa, Rama Harun lan Hur padha munggah menyang ing pucake gunung.


Suwe-suwe astane Nabi Musa kiyu, mulane dijupukake watu didokok ana ing sangisore, kagawe lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astane sasisih edhing, mulane astane ora obah nganti tumeka ing surupe srengenge.


Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.


Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.


Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.


Senapati Yusak tansah ngagagake astane kang ngasta tumbak, nganti sakehe wong kang manggon ing kutha Ai wus padha kasirnakake kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan