Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 17:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse mangkono sagolongane wong Israel padha budhal saka pasamunan Sin, lakune saka palerenan kang siji menyang ing palerenan sijine miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur padha leren ana ing Rafidim; nanging ing kono ora ana banyu kanggo ngombe bangsa mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 17:1
8 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngangkatake wong Israel saka ing sagara Teberau menyang ing pasamunan Syur; anggone lumaku ana ing pasamunan nganti telung dina ora oleh banyu.


Sawuse padha budhalan saka ing Elim, sagolongane wong Israel kabeh padha tekan ing pasamunan Sin, kang kaprenah ana ing saantarane Elim lan gunung Sinai, mbeneri tanggal limalas sasi kang kapindho, saangkate saka ing tanah Mesir.


Nalika samana bala Amalek teka lan nempuh perang nglawan marang wong Israel ana ing Rafidim.


Sawuse padha mangkat saka Rafidim, banjur tekan ing pasamunane gunung Sinai, lan padha leren ana ing kono; wong Israel anggone padha masang tarub ngadhepake gunung Sinai.


Ing sawijining dina nalika wong-wong padha ora oleh banyu, banjur padha nglumpuk ngepung Nabi Musa lan Imam Harun,


Samangsa megane mumbul saka ing sadhuwure Tarub, wong Israel banjur padha budhal, sarta ing ngendi mandhege megane, ing kono wong Israel banjur padha nancebake tarube.


Anggone padha leren marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan iya marga saka dhawuhe Sang Yehuwah anggone padha budhal; wong-wong iku tansah padha nindakake kuwajibane tumrap Sang Yehuwah, miturut saka dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan