Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:9 - Kitab Sutji

9 Nabi Musa banjur ngandika marang Rama Harun: “Tutura marang sapasamuwane Israel kabeh: Padha sowana kabeh marang ing ngarsaning Sang Yehuwah, awit Sang Yehuwah wus miyarsa ing panggrundelmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:9
5 Iomraidhean Croise  

Ana ing pasamunan kono iku, sagolongane wong Israel banjur padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Rama Harun,


Lan sesuk kowe bakal padha weruh kaluhuraning Pangeran Yehuwah, marga panggrundelmu wus dipirsani. Sabab aku iki apa, dene kowe padha nggrundeli marang aku?”


Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan esuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.”


“Nganti pira lawase umat kang ala iku anggone bakal padha nggrundeli marang Ingsun? Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel kang katujokake marang Ingsun,


Nabi Musa banjur ngandika marang Korakh: “Kowe lan sagrombolanmu kabeh sesuk padha sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, iya kowe dalah wong-wong iku sarta Imam Harun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan