PANGENTASAN 16:8 - Kitab Sutji8 Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan esuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.” Faic an caibideil |
Nanging wong sabangsa mau padha sira dhawuhana mangkene: Padha sesucia kanggo ing dina sesuk, nuli kowe bakal padha mangan daging; marga kowe wus padha nangis ana ing ngarsaning Yehuwah, kanthi pangucapmu: Sapa kang bakal aweh daging marang aku? Ana ing tanah Mesir kaananku kabeh rak becik banget ta? Kang iku Sang Yehuwah bakal maringi daging marang kowe, kang bakal kokpangan.