PANGENTASAN 16:6 - Kitab Sutji6 Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha ngandika marang wong Israel kabeh: “Mengko sore kowe bakal padha sumurup yen kang ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku Pangeran Yehuwah. Faic an caibideil |
ature: “Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kemawon dening astaning Pangeran Yehuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggen panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamuwan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.”
Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan esuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.”
Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”
Balik manawa Pangeran Yehuwah nganakake lelakon kang durung tau kelakon, yaiku manawa bumi ngengakake cangkeme nguntal wong-wong iku dalah apa bae kang kadarbe, temah urip-uripan anggone kacemplung ing jagade wong mati, dadi kowe bakal ngreti, yen wong-wong iku wus padha nyampahi marang Pangeran Yehuwah.”