Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:4 - Kitab Sutji

4 Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ngudanake roti saka langit kanggo sira, nuli wong-wong iku bakal padha metu ngukupi tadhahe ing saben dina, sarta padha Suncoba, apa bakal nglakoni angger-anggeringSun apa ora.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:4
17 Iomraidhean Croise  

Amarga tumrap wong-wong iku ana dhawuhe Sang Prabu kang netepake pranatan tumrap para pasindhen miturut kaperluwane ing saben dina.


Kangge ngicali luwenipun sami Paduka paringi roti ingkang saking ing langit sarta kangge ngicali ngelakipun Paduka angsalaken toya medal saking redi parang. Punapadene Paduka dhawuhi nglebeti lan ngejegi nagari ingkang sampun Paduka janjekaken kalayan supaos badhe Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.


Roh Paduka ingkang asihmirma inggih Paduka paringaken, supados mulang. Punapa malih boten nate Paduka endheg roti man peparing Paduka dhateng cangkemipun, sarta kadamel ngicalaken ngelakipun Paduka paringi toya.


Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak, sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit.


Gusti Allah tumuli dhawuh marang mega-mega ing dhuwur, lan mbikak lawang-lawanging langit,


Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,


Bareng wong Israel weruh banjur padha takon-takonan: “Apa iku?” Marga padha ora sumurup iku apa? Nabi Musa tumuli ngandika: “Iya iku roti peparinge Pangeran Yehuwah minangka panganmu.


Kaculikan saha doracara mugi Paduka tebihaken saking kawula, punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula.


Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.


Kawula mugi kaparingana rejeki kawula ing saben dintenipun ing sacekapipun.


Kabeh padha mangan tunggal pangan kasukman,


kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.


Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan