Ing sajroning pethi iku ora ana apa-apane kajaba mung watu blabagan loro kang didekek ing jero kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, yaiku watu blabagan kang katulisan prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah kalawan wong Israel nalika padha metu saka ing tanah Mesir.
Tutup pangruwatan iku sira etrapna ing dhuwure pethi, samangsa papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira iku wus sira selehake ing sajroning pethine.
Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.”
Saperangane campuran iku kajupuka, banjur kabebaka kang lembut, iku salong kadokokna ana ing ngarepe pethine angger-angger ing Tarub Pasewakan, iya ana ing kono anggoningSun manggihi sira, iku sira anggepa prakara kang suci pinunjul.
Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.
Sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandikane marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai, banjur maringi papan angger-angger loro, papan watu kang diserati dening racikaning Allah.
Iki pratelan bab wragad kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Suci kang isi angger-anggere Gusti Allah digawe awit saka prentahe Nabi Musa, dening para bani Lewi kapimpim Itamar, putrane Rama Harun.
nanging iku padha kapataha rumeksa Tarub Suci, panggonan angger-angger dalah prabot lan sapirantine kabeh; padha nggotonga Tarub Suci dalah sapirantine; sarta padha leladia ana ing kono, karodene anggone makuwon anaa ing saubenge.
nanging wong Lewi kudu lereb ing saubenge Tarub Suci panggonaning angger-anggere Gusti Allah, supaya umat Israel aja nganti kena ing bebendu; wong Lewi kudu rumeksa marang Tarub Suci, panggonaning angger-angger iku.”
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tekene Harun iku sira balekna maneh menyang ing ngarepe pethi angger-angger, kasimpena minangka pratandha kanggo para wong kang duraka, temah panggrundele wus sira ilangi lan ora Sunpireng maneh, supaya aja padha mati.”
Aku nuli mudhun saka ing gunung, sarta papane tumuli dakselehake ing sajrone pethi olehku gawe; iya ana ing kono sumelehe, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah marang aku.