Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:32 - Kitab Sutji

32 Nabi Musa tumuli ngandika: “Dhawuhe Pangeran Yehuwah mangkene: Padha njupuka sagomer kebak kasimpena kanggo turun-turunira, supaya iku padha weruha rupane roti kang Sunparingake dadi panganira ana ing pasamunan, nalika Ingsun ngentasake sira saka ing tanah Mesir.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:32
11 Iomraidhean Croise  

Padha ngelingana marang kaelokane kang wus padha katindakake, tandha-tandhane kang elok-elok lan pepancasan kang dingandikakake,


Kowe padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah mangkene: Sira ngukupana iku, siji-sijine wong miturut tadhahe dhewe-dhewe; saben wong njupuka kanggo brayate, wong siji sagomer, saben brayat njupuka miturut jiwane.”


Anadene mungguh wewujudan iku umat Israel anggone ngarani: manna; rupane putih kaya ketumbar, rasane kaya kuwih madu.


Mulane pangandikane Nabi Musa marang Rama Harun: “Njupuka guci siji, isenana manna sagomer kebak, banjur dokoken ana ing ngarsaning Yehuwah, kasimpena nganti turun-tumurun.”


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


Sungendeng kalawan talining kasetyaan, iya kalawan tetalenaning katresnan. Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange, Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.


Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”


Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.


Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan