Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:31 - Kitab Sutji

31 Anadene mungguh wewujudan iku umat Israel anggone ngarani: manna; rupane putih kaya ketumbar, rasane kaya kuwih madu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:31
8 Iomraidhean Croise  

Bareng ebune wus nguwab, lah ing lumahe pasamunan ana wewujudan lembut las-lasan kaya sisik, lembute kaya ebun njendhel ing bumi.


Bareng wong Israel weruh banjur padha takon-takonan: “Apa iku?” Marga padha ora sumurup iku apa? Nabi Musa tumuli ngandika: “Iya iku roti peparinge Pangeran Yehuwah minangka panganmu.


Mangkono dadine wong akeh padha ngaso ing dina kapitu.


Nabi Musa tumuli ngandika: “Dhawuhe Pangeran Yehuwah mangkene: Padha njupuka sagomer kebak kasimpena kanggo turun-turunira, supaya iku padha weruha rupane roti kang Sunparingake dadi panganira ana ing pasamunan, nalika Ingsun ngentasake sira saka ing tanah Mesir.”


– Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-noman kaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas. Aku kepengin lungguh ana ing ayome, wohe legi tumrap ing cethakku.


kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.


Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan